PERSIAPAN MC/PANOTOCORO TUMRAP ISLAM

1. Niat sejo ing ndalem manah
2. Siap lahir lan batin

PERSIAPAN BATIN INGGIH PUNIKO :

a. Suci saking hadas ageng/alit lan najis
b. Maos umul kitab/Al-fatihah dipun khususaken nabi ilyas 1× Conto:liridho Illah walisyafa'ati rosulillah khususon nabi Ilyas Al-fatihah
c. Maos surat Al-ikhlas/qulhu 11× d. Maos bismillah 11×kanthi nahan nafas
e. Noto ambegan/nyerot nafas sak dawo-dowone lan dipun dalaken kanthi alun-alun ngantos 3× lan ing wekdal puniko sak saget -sagedipun nyuwun pitulungan lan kekuatan dening Gusti Allah mugi -mugi saget ngadepi poro tamu ingkang wonten ngajeng.
Partikel a-e kasebar dipun lampahi sak derengingipun kawit matur.

PERSIAPAN LAHIR INGGIH PUNIKO:

a. Rogo lan ati mboten nembe gerah ingkang abot ingkang saget ngicalaken engetan kados sakit gigi lan sanesipun
b. Ampun ngantos dahar ngantos kathah sebab saget ngirangi nafas lan ngicali kesaenanipun atur
c. Nebihi daharan engkang keringipun mawi minyak/gorengan d. Nebihi bumbu tumbar,mrico lan sere ugi kecut-kecutan kerantan daharan 4 puniko saget ndumugiaken bulqom/glegeen kamongko bulqom puniko saget ngicali pemutan
e. Utaminipun dahar engkang teles-teles kados kurmo,anggur abang lan madu
f. Utaminipun siwakan/sikatan g. Utaminipun madhmadhoh/ngisep banyu maring irung 3× Katerangan
e-g saget ngicali bulqom lan nggampangaken pemutan

KAPING TIGO PERSIAPAN MANUNGGALING LAHIR LAN BATIN

a. Suci badan sandang lan papan saking khadas lan najis
b. Nguasani panggenan engkang mboten ngirangi toto kromo lan trapsilo
c. Pamriksanipun dipun sebar ing sedoyo papan sak derenge ngawiti matur,menawi nembe matur cekap mrisani ngajeng kemawon Menawi tamunipun poro priyagung kedah anggadahi raos bilih namung kulo ingkang gadah kuoso ing acoro puniko Mulyo,agung,menang paling penting lan sedoyo tamu puniko ingkang dados dados penderek senajan namung ing pengraos/hayalan sanes kasunyatan Keranten coro puniko saged ngicali rsos ajrih/wedi
d. Ampun ngantos tido-tido/ragu dateng pengrakit boso/toto boso senajan salah

KAPING SEKAWAN PARTIKELE MAROGO/CARANIPUN NGEM C

a. Kedah gadah gaya lan lagak engkang trap lan sopan
b. Isinipun engkang magayutan dateng season
c. Cekak ing wicoro aos ing wos d. Ananging panjang ing wicoro lan ahos puniko minongko tondo ing limpating penggrahit/pinter
e. Wajah kedah sumeh lan ramah
f. Sekedik dalil jembar ing syarah/penjelasan(mboten menggak-menggok)
g. Kedah mangertosi boso ing antawisipun boso ngoko,kromo,inggil lan kawi h. Saking iguhing partikel /cara lan nalaripun piambak(mboten niru-niru) i. Anggenipun matur kedah jelas las-lasan(mboten kecepeten lan groyok-groyok) j. Aturipun mboten dipun wongsal-wangsuli ngantos ambal 3×/punjul k. Mboten ngrumaosi pinter ananging sak polah-polahipun bodo,lepat lan kirang trspsilo l. Panutup mboten dipin tambah atur kathah-kathah

KAPING GANGSAL KEDAH MANGUWAOSI/NGUASANI SWORO,BUSONO,SUBOSITO/TOTOKROMO,BOSO LAN SASTRO

1. SWORO: Pangolahing/metune sworo kedah wajar,cetho,tegas lan mboten ketawis menawi kadamel-damel Amargi puniko dados satunggaling sarat baku tumrape panotocoro/mc
2. BUSONO Busono kedah kajumbohno/srsuai dateng kaperluanipun acoro engkang badhe dipun ayahi/lampahi
3. SUBOSITO/TOTOKROMO Totokromo ingkang kirang saget ngirangi kawibawan Langkung sae bilih solah bawanipun prasojo/wajar(anteng,mantep ananging mboten kaku) Wondene menawi wonteng ing sripah pasuryan/wajah kedah mboten katingal bingar sumringah/berseri-seri Amargi temtu mboten jumbuh dateng swasono
4. BOSO LAN SASTRO Boso lan sastro mujudaken kabetahan enkang baku Pamilihing tembung engkang lajeng dipun ronce/susun dados ukoro kedah trep/bener,luwes,sae,sekeco dipun mirengaken dateng tiang sanes

KAPING ENEM KEDAH MANGERTOSI PATHOAN-PATHOAN/DASAR-DASAR

1.Tanggap ing kawontenan
2. Mangertosi urutanipun acoro
3. Mangertosi poro parogo/pengisi acoro lan asmanipun ing sak lebeting acoro
4. Sesambetan/berhubungan dateng panoto pito sworo/tukang sound
5. Sesambetan dateng ketua panitia 6. Trengginas mutusaken samukawisipun/pinter adamel keputusan

KAPING SABTO 7 NGATURAKEN MUQODDIMAH ENGKANG MAGAYUTAN DATENG ACORO

Komentar

Postingan populer dari blog ini

الصلاة النارية

مرشدة سياحية في يوغياكرتا اندونيسيا